Jumat, 11 Desember 2015

Kerata Basa

Tembung Kerata Basa utawa jarwa dhosok yaiku negesi sawenehing tembung kanthi adhedasar wanda-wandane tembung mau. Menawa dideleng wujude tembang mau dadi kaya cekakan utawa singkatan, nanging sejatine dudu amarga tembunge karo tegesi dhisik tembunge. Sing perlu dingerteni menawa tegese tembung dadi memper utawa cocok karo kahanane mula ora saben tembung bisa digawe jarwa dhosoke.
Tuladhane :
  • Bapak : Bab apa-apa wis pepak (pepak kawruh lan pengalaman)
  • Batur : Embat-embataning tutur
  • Bocah : Mangane kaya kebo, pegawenane ora kecacah
  • Brekat : Mak breg diangkat
  • Cangkir : Dianggo nyancang pikir
  • Cengkir : Kencenging pikir
  • Copet : Ngaco karo mepet-mepet
  • Denawa : Ngeden hawa
  • Desember : Gedhe-gedene sumber
  • Garwa : Sigaraning nyawa
  • Gedhang : Digeget sawise madahang
  • Gelas : Yen tugel ora bisa dilas
  • Gethuk : Yen digeget karo manthuk-manthuk
  • Gerang : Segere wis arang
  • Guru : Digugu lan ditiru
  • Gusti : Bagusing ati
  • Jungkat : Majiuning tekat
  • Kaji : Tekade mung siji
  • Kathok : Diangkat sithok-sithok
  • Kodhok : Teka-teka ndodok
  • Krikil : Keri ing sikil
  • Kuping : Kaku njepiping
  • Kupluk : Kaku njepluk
  • Kursi : Yen siungkurake banjur isi
  • Ludruk : Gulune gelo-gelo sikile gedrag-gedrug
  • Mantu : Dieman eman meksa metu
  • Perawan : Ten pepara kudu wayah awan
  • Saru : Kasar lan kleru
  • Sepuh : Sabdane ampuh
  • Sepur : Asape metu ndhuwur
  • Sopir : Yen ngaso mampir
  • Tandur : Nata karo mundur
  • Tarub : Ditata dimen murub
  • Tuwa : Ngenteni metune nyawa
  • Wanita : Wani ditata
  • Wedhang : Dianggo gawe kadhang
  • Weteng : Ruwet tur peteng

Tidak ada komentar:

Posting Komentar